About

Selasa, 25 Maret 2014

Pidato B. jawa


Assalammualaikum Wr.Wb
Ingkang dhahat kinurmatan bapak kepala SMP 1 Tayu, ingkang satuhu kinabekten bapak ibu guru SMP 1 Tayu, ingkang kula tresnani kanca-kancan siswa SMP 1 Tayu.
Puji syukur kunjuk ing ngarsanipun Allah ta’ala awit inggih saking keparengipun kito sedaya saget kempal ing papan menika kanthi kebak ing karaharjan lan kabagas warasan.
Bapak ibuk ingkang kinurmatan lan kanca-kanca ingkang kinasih keparenga ingmriki kula bade matur perkawis kebersihan lingkungan. Kita sedaya mangertosi bilih resiking lingkungan bade njalari kasarasan tumrap sinten kemawon, ing sakiwa tengenipun kados dene kita sedaya warga SMP 1 Tayu bilih lingkungan SMP kita resik temtu sedaya siswa dalasan guru saha kariyawan bade manggihi kebagas warasan awit saking menika keparenga minangka wakil OSIS ajak-ajak  “mangga sedaya warga ing SMP kita menika sadar dateng resiking lingkungan”. Kadosta sampun ngantos mbucal wuh ing saben papan panggenan nanging kedah dipun bucal ing papan ingkang sak mestinipun lajeng got-got ing sakiwa tengenipun gedhung ugi sampun ngantos mampet saingga lemut saget ngabra-ambra.  semantena ugi kamar mandi kajagiya karesianipun sampun ngantos mabet pesing dumugi ing kelas, saingga badhe ngganggu pasinaonipun para siswa.
Bapak ibu lan kanca-kanca sedaya tampa raos ikhlas kangge ngayahi njagi resiking lingkungan kala wau sesarengan temtu mboten badhe kasil, awit mbok bilih namung nyageraken tukang kebun kemawon tentu pendamelan kala wau mboten badhe rampung, pramila sedaya warga SMP 1 Tayu kedah tulung tinulung, bantu binantu, gotong royong ngayahi resik-resik lingkungan. kula nderek meling kangge adek-adek kelas 7 lan 8 mugi manut bilih di pun bimbing dening bapak ibu guru awit kula siswa kelsa 9 sampun badhe nilaraken sekolah menika saperlu ngangsu kaweruh ing tataran saklajengipun. pramila ing kalodhangan menika kula kejawi ngajak njagi resiking lingkungan ugi nyuwun pangestu saking bapak ibu guru saha donga saking adek-adek sedaya supados siswa kelas 9 anggenipun nggarap  ujian saget lancar lan lulus sedaya. Mekaten ingkang kula saget aturaken mugi wonten mumpangatipun dateng kita sedaya.
Wasana cekap semanten anggen kula matur mbok bilih wonten kalepatan kanthi andap asoring budi kula nyuwun gong samudra pangaksami nuwun
Wassallammalaikum Wr. Wb

0 komentar:

Posting Komentar